Drama Teater

DRAMA TEATER
ASAL – USUL REOG PONOROGO

Ing salah sawijining dina ing Kerajaan Kediri , Raja Kediri lan permaisurine lagi ngomongake putrine Dewi Songgolangit sing durung rabi iku .

Raja : “ Ibune “ , kepriye putrimu Songgglangit sing wayahe rabi kok sampek saiki durung rabi – rabi tho ibune….sak janeke arep nyapo maneh lek ora rabi lan jalukane bojo iku lho ibune sing kaya opo ?
Permaisuri : Lho duko lho pakne,
nggeh sampun kathah lare jaler ingkang nglamar Dewi songoloangit puniko mboten wonten ingkang cocok.Sakjane ingkang nglamar nggeh ganteng – ganteng, lho terus pripun malrh lek mbothen cocok lho pakne.
Raja :Lho kowe ke piye tho bune
dadi ibu kok oera ngerti anake, opo ora tau curhat marang sliramu lho ibune, coba saiki timbalana kon rene aku pingin kandha.
Ora let suwe, permaisuri nimbali Dewi Songgolangit.
Permaisuri : Putriku Dewi Songgolangit, mrikia
nak, rama kepingin kandha marang sliramu putriku.
Dewi Songgo langit : Inggeh ibune, wonthen punapa tha sajake kok kados puenting banget.
Permaisuri :Wis mara nang nggone ramamu kana.Dewi Songgo langit banjur mara
nang nggone romone.
Dewi Songgo langit : Sugeng pangestu romo, lan wonthen punapa tha….?
Raja : Ya nduk, saiki aku pingin takon marang kowe.Kowe saiki umurmu wis nyelot tuwa lan kowe ya dadi penerus kerajaan iki, ning kowe kok urung rabi-rabi tho nduk, arep nyapo maneh kowe iku.
Dewi S. : Inggih rama, sak niki kula dereng kersa nikah, mangke lek nggeh tresna,kula banjur purun nikah rama.
Permaisuri : Lha iyo lho nduk, akeh wong gantheng –gantheng sing nglamar kowe, neng kowe nolak. Lha jalukanmu sing koyo opo tho putriku?
Dewi S. : Ngeten lho ibune, kawula niku tipene sing tinggi banget, kawulo pingin gadhah garwo ingkang pawakane gedhe dhuwur, praupnane gantheng tapi praupane niku ingkang bersinar lan gadhah insting ingkang pinter sahinggo lek nglamar kawulaniku heboh ngaten lho ibune.
Raja : Heboh sing koyo ngopo tho nduk?
Dewi S. : Heboh puniko lek nglamar kawula mbetha arak – arakan ingkang mbothen wonthen theng donyo nikilan mbothen wonthen pula sing mdhani.
Raja : Kok koyo ngono lha opo enek lho nduk?
Dewi S. : Nggeh kudu wonthen kho rama.
Raja : Coba kowe teko’a neng paman patih lan timbalono paman patih, apa duwe kenalan sing koyo tipemu iku.
Dewi songgolangit banjur nimbali Patih.
Patih :Sugeng dhawuh gusti, wonthen punapa?
Raja :Patih,apa kowe duwe kenalan bocah lanang sing awake gedhe dhuwur, Praupane gantheng lan bersinar wajahe gek yo sing uteke pintrer.
Patih :Lek wajahe bersinar kulo mbothen gadhah kenalan gusti.
Raja :Koa kowe nggaweo woro –woro, lek enek bocah lanang sing koyo di tipeni putriku mau langsung kowe laporno neng aku.

Patih :Inggeh gusti, kawulo nyuwun sewu rumiyen.
Banjur Patih gawe woro –woro marang penduduk kerajaan kediri maupun luar kerajaan kediri. Ndilalah woro – worone iku mau krungu teko nggone raja Klono Sewandono sing nduweni wajah gantheng berseri – seri lan insting sing pinter.
Patih kerajaan Bandar Angin banjur diutus Klono Sewandono menyang kediri nglamar Dewi Songgolangit. Ora let suwi Patih kerajaan Bandar Angin teko ing kerajaan kediri.
Patih B : Sugeng dhawuh gusti.
Raja B : Kowe kuwi sapa lan arep nyapo?
Patih B : Kawula niki patih sakimg kerajaan Wengker lan badhe nglamar Dewi Songgolangit.
Raja : Opo….!!! Sing ngalamar ki wong koyo kowe,lha Wong sing gantheng – gantheng lan gedhe dhuwur di tolak, opo meneh kowe.
Patih B : Ngaten lho gusti kawula lak dereng rampung lek ngomong kawula niki utusanipun Prabu Klonosewandono ingkang badhe nglamar Dewi Songgolangit puniko.
Raja :Lha kok oramoro dewe lan tipene op cocok karo putriku lek cocok opo nggomo contone kowe.
Patih B : Dijamin mesti cocoke gusti lan niki potoinipun.
Raja : Walah iyo bocahe bagus, gedhe dhuwur lan bersinar wajahe, iyo iki tipe koyo sing digoleki
putriku, kowe ojo baki dhisik tak timbalane Putriku Dewi Songgolangit.
Banjur Raja nimbali Dewi Snggolangit, lan Dewi Songgolangit moro.
Dewi S. : Wonten nopo ta rama?
Raja : Nduk iki ana wong lanang koyo tipemu.
Dewi S. : pundi lho rama lan kados punapa?
Raja : Iki lho nduk….? Bagus lan bersinar tha wajahe.
Dewi S. : Inggeh rama niki kados tipe ingkang kawula padosi, tapi rama nopo lare bagus niki saget menuhi syaratipun/
Patih
B : Banjur nyaut omongane Dewi Songgolangit.
Patih B : Syaratipun napa lha
putri?
Dewi S. : Ngaten lho patih, calon garwo kula niki lek nglamar kula
kudu mbetha arak – arakan ingkang mbothen wonthen ing donyo niki lan mbothen wonten wonten pula sing madani.
Patih : Maksudipun….?
Dewi S. : Ngaten, arak – arakanipun inggeh punika prajurit berkuda putih ingkang jumlahipun 1000 prajurit lan dolanan ingkang aneh bin ajaib.Banjur patih bujang ganong bali menyang kerajaan Bandar Angin lan matur marang Prabu Klonosewandono. Esuke Prabu Klonosewandono budhal nglamar Dewi Songgolangit. Ing gunung wilis, Klonosewandono
ketemu jaro Singobarong sing wajahe aneh banget, awake manungsa, sirahe macan
lan pundake ana merak.Banjur perang, Singobarong kalah lan digowo Klonosewandono menyang Kerajaan Kediri karo 1000 prajurit berkuda putih.Singobarong didadekake dolanan kang diarani Reog kanggo nglamar Dewi Songgo langit.

http://sinopsis-film-film.blogspot.com/

http://yudistira1967.blogspot.com/

http://weddingprof.blogspot.com/

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Jenjang Pendidikan

Cerita tentang ORANG BODOH